Malam tahun baru adalah mungkin malam yang sangat ditunggu-tunggu oleh sebagian besar orang di dunia ini. Apalagi para seleb/artis mereka bisa manggung di berbagai tempat, sehingga mereka bisa meraup rupiah yang melimpah dan dengan mudah. Sebagian besar kawula muda kota mungkin juga sangat menunggu dengan suka cita , karena mereka mungkin sudah mempersiapkan berbagai acara.
Bagiku malam tahun baru sama saja dengan malam-malam liburan yang lain. Paling aku sama nyokap dan bokap serta adhikku satu-satunya hanya menyiapkan makanan ringan untuk teman nonton acara TV di malam tahun baru, dan menjelang tidur dini hari di tanggal 1 Jan aku biasanya merenung mengingat ingat apa yang telah aku lakukan di tahun yang lalu dan merencanakan apa yang akan aku lakukan di tahun yang akan datang. Orang bijak mengatakan bahwa kita tidak boleh jatuh dua kali di tempat yang sama . Itulah yang ingin aku jadikan pedoman di tahun yang akan datang ini. Hari ini harus lebih baik dari hari kemaren dan esok harus lebih baik dari hari ini. OK ?
Wektu iku ngepasi dina Minggu, tanggal 2 Nopember 2003. Kaya adat saben yen dina Minggu aku reresik omah. Witikno kobere ya mung ing dina Minggu, sakliyane dina Minggu reresik omah ya sambil lalu bae.Lagi mempeng-mempenge aku resik-resik omah karo bapake bocah-bocah, dumadakan krungu tanggaku sing dokter hewan bengok-bengok . Aku terus mlayu menyang daleme bu dokter hewan mau . Dak sepadakke panjenengane katon pucet lan kemringet . Aku terus takon Wonten napa bu ? Bu dokter astane tudhing – tudhing arah lawang mburi . Aku ndeloke lawang mburi ya ora ana apa – apa. Aku takon maneh pintuipun kengeng punapo bu ? bu dokter njawab : ngandap – ngandap . Aku terus ndelengi jogan sekitar lawang . Bareng ketemu ana apa ing sekitar lawang aku banjur kudu ngguyu, terus aku takon bu dokter, uler bu ? panjenegane mung manthuk Uler cilik riwut – riwut iku terus dak japit karo kayu lan dak pateni ning kebon mburi. Aku enggal mlayu mengarep kepingin nggodha bu dokter, naging aku ora mentala, sak durunge aku pamit mulih bu dokter ngaturke panuwun karo aku, aku terus takon maneh : bu panjenengan ajruh uler nggih bu dokter ? Mboten ajrih namung kamigilan, ngono jawabane,aku terus pamit mulih . O..lala ana dokter hewan koq wedi kewan gek mung uler, apa tumon ??????
Wektu iku aku lagi numpak bis AKAP saka Jakarta arep balik menyang nJeporo.Nok njero bis sakdurunge budhal disetelke salah sijine tv swasta , acarane gebyar bca. Nanging sakwise bis wis mlaku , mbok menawa ora bisa nampa signale tv swasta mau , mula terus disetelke cd. Wiwitane lagu – lagune Paterpan nanging suwening suwe diganti ndangdutan. Aku ya isih sithik – sithik nonton. Bareng tak setitekake jebul ndangdutan mau rekaman tanggapan ing salah sawijine wong kang lagi duwe gawe. Aku ngurut dhadha, aku meneng, suwe – suwe luhku dleweran . Kenapa ? Ing layar sing tak tonton mau yaiku ing pertunjukan ndangdut , penyanyine isih enom, yo pancen ayu apa maneh di make up! Nanging sandhangane ……..aku ora mentala ngingetke ! Roke mini nduwur dengkul bluse cilik gantolan, dadi dhadhane ketok putih diumbar, pusere kadang – kadang uga ketok, rambute dawa , sikile malah ditutupi , merga nganggo sepatu dawa meh tekan dengkul . Sing aku luwih miris maneh bareng penyanyi mau sauntara megal – megol , terus ana bocah lanang enom loro munggah panggung , terus melu njoget / ngibing . Mripatku melotot rikala aku weruh ing tangan kiwane salah sijine bocak lanang enom mau nggawa duwit sagepok . Angger bar muser – muser dijupuk saklembar diwenehke penyanyine, kedadeyan ngono kuwi diambali ping bola – bali .Aku terus emoh nonton, aku trima ndelengke njaba , ndeleng lampu – lampu kota sing dilewati bis .Aku malah terus ngalamun kelingan jaman cicikanku, kurang luwih 33 tahun kepungkur, wektu kuwi aku isih murid SD. Aku nate diajak simbah menyang nggone wong nduwe gawe. Ing kana ora ana ndangdutan nanging wektu iku ana tayuban . Kekadeyane iyo meh padha . Mung bedane …….wektu iku aku isish “gadis kecil” udakara 10 tahunan , aku weruh si ledhek tayub sing nganggo jarit nanging ora nganggo klambi trima kembenan, mula dadane iyo ketok mung gegere ditutupi karo sampur / slendang kang uga dienggo karo para penayub.( Wong lanang – lanang sing melu njoget umure setengan baya 35 –50 tahunan ) Aku weruh si ledhek tayub diwenehi duwit karo wong – wong kang padha melu njoget mau ( penayub ) malah kadhang – kadhang diselipke ing dhadhane . Nanging wektu iku aku durung isa mikir apa – apa. Malah aku kelingan didukani ibu wektu tekan omah aku crito kedadeyan sing nembe wae tak weruhi. Terus aku ora pareng nderek simbah nyang nggone wong duwe gawe. Para penayub lan pengibing sakdurunge turun mestine ben panas ya menikmati miras disik . Saiki aku wis 45 an tahun, genti weruh bocah - bocah enom padha njoget , nyawer ,..lan sakteruse .Atiku saya cilik , sakwise 35 tahun kedadeyan kang padha dumadi ing ngarepku senajan sing keri iku ora kedadeyan langsung ,nanging mung rekaman , ning mestine rak yo ana kekadeyan asline .Duh Gusti Ingkang Akaryo Jagat ………Punipo punika ingkang kawestanan jaman edan ??????
Yen menangi jaman edan, nek ora melu edan ora keduman nanging luwih bejo wong kang eling lan waspada . Apa pancen kiamat wis cedhak ????
Ya Alloh mboten wonten ingkang saget ndhatengaken kesaenan kejawi Panjenengan, lan mboten wonten ingkang saget nebihaken saking kanisthan kejawi Panjenengan. Lan mboten wonten daya lan kekiyatan kejawi saking Panjenengan . Allohu a’lam.
GAMBAR : Acara Temu Kangen Alumni Akfarm 1979 di Banaran tanggal 26 September 2009. Pertemuan ini merupakan pertemuan yang pertama kali setelah selama 27 tahun berpisah.