Minggu, 03 Januari 2010

UNTUK APA...........?


Kedadeyan iki dialami sisihanku lan kancane aran mas B udakara 29 tahun kepungkur. ( Tahun 1980 ) Wektu iku sisihanku ya bapake bocah – bocah isih kuliyah ing sawijining PT ing Semarang . Ngepasi malem Minggu dheweke karo kancane aran mas B mlaku-mlaku menyang simpang lima . Sakwise muter-muter terus kepingin tuku kaset , banjur mlebu bae ing toko kaset. karo pelayane ditakoni : mau beli kaset apa mas ? mas B njawab Emilia Contesa . Terus pelayane takon maneh : Untuk apa mas ? mas B njawab: ya diputer to . Pelayane isih takon maneh : Untuk Apa ??? mas B kaya rada nesu kae karo muni : piye to mbake wong tuku kaset ya disetel dirungokke to , koq untuk apa untuk apa ! Terus pelayane karo mesam-mesem ngomong marang mas B, Mas……. maksud saya Emilia Contesa yang ada lagunya berjudul Untuk Apa itu to ? mas B mesam mesem karo njawab iya, ya itu. Sakwise kaset dibungkus lan dibayar wong loro enggal – enggal metu saka toko kaset .
O..lala judhul lagu bae koq untuk apa, gek marahi regejekan . Apa tumon…?

( Kirimane : Ningsih )