Kamis, 15 Oktober 2009

Wedi Uler.......


Wektu iku ngepasi dina Minggu, tanggal 2 Nopember 2003. Kaya adat saben yen dina Minggu aku reresik omah. Witikno kobere ya mung ing dina Minggu, sakliyane dina Minggu reresik omah ya sambil lalu bae.Lagi mempeng-mempenge aku resik-resik omah karo bapake bocah-bocah, dumadakan krungu tanggaku sing dokter hewan bengok-bengok . Aku terus mlayu menyang daleme bu dokter hewan mau . Dak sepadakke panjenengane katon pucet lan kemringet . Aku terus takon Wonten napa bu ? Bu dokter astane tudhing – tudhing arah lawang mburi . Aku ndeloke lawang mburi ya ora ana apa – apa. Aku takon maneh pintuipun kengeng punapo bu ? bu dokter njawab : ngandap – ngandap . Aku terus ndelengi jogan sekitar lawang . Bareng ketemu ana apa ing sekitar lawang aku banjur kudu ngguyu, terus aku takon bu dokter, uler bu ? panjenegane mung manthuk Uler cilik riwut – riwut iku terus dak japit karo kayu lan dak pateni ning kebon mburi. Aku enggal mlayu mengarep kepingin nggodha bu dokter, naging aku ora mentala, sak durunge aku pamit mulih bu dokter ngaturke panuwun karo aku, aku terus takon maneh : bu panjenengan ajruh uler nggih bu dokter ? Mboten ajrih namung kamigilan, ngono jawabane,aku terus pamit mulih . O..lala ana dokter hewan koq wedi kewan gek mung uler, apa tumon ??????

1 komentar:

  1. Yo....mungkin sing dipelajari ning bangku kuliahe disik ora tahu weruh uler mung weruhe kewan gede dadi bareng weruh uler saiki wedi.....!

    BalasHapus